Dudu Gandrung Idamanmu

Oleh: Afin Yulia
[sunting]Aku mesem nalika weruh unggahane Aga ing Instagram. Semono uga Rara lan Anya, kancaku raket. Karo nyenggol lengenku cah loro kuwi cluluk ,”Cie, cie … sing meneng-meneng ditaksir Aga!”
Aku ora semaur. Mung meneng karo ngempet esem sing mekar nganti tekan ati. Sapa cah wadon sing ora mongkog yen ana pria kaya Aga meneng-meneng tresna marang dheweke? Pancen durung dinyatakake, nanging saka ukara sing kerep diunggah ing Instagram jelas nduduhake menawa Aga lagi kasmaran marang penari gandrung. Ciri-cirine jelas. Mripate blalak-blalak, dekik pipine, omahe ing cedhak gereja, lan asring numpak sepedha onthel ing ngendi-endi. Sapa maneh kuwi yen dudu aku?
Mulane aku ora “ngeh” perkara kuwi. Nanging, ing sawijining dina Rara dumadakan nyeplos. “Fia, dak rasa-rasa kenya sing kerep disebut-sebut ing caption Instagrame Aga kuwi kowe,” ngono jarene telung minggu kepungkur.
Aku ora langsung semaur. Malah meneng karo njurengne alis, ngerasa heran.
“Kowe ora percaya?”
Aku mringis karo ngukur sirah. “Ah, masa iya kuwi aku? Prasaku dheweke ora tahu ndudhuhne sapa sing disenengi,” ujarku karo lungguh ing cedhake Rara.
Rara mendelik. “Ah, kowe ki pancen ora peka, Fia!”
“Kok iso gak peka? Dak rasa sing diomongne Fia kuwi bener. Aga ora nate ngomong yen kenya sing disenengi kuwi Fia, kok,” jare Anya.
Rara mung isa ambegan gedhe krungu ukarane Anya. “Pancen kowe kabeh ki ra peka! Masa iya kaya ngono kudu dijelasne?!” kandhane kenya rambut cendhak kuwi karo nguwasi aku lan Anya genti-genten.
“Kene nyedhak!” Rara menehi tanda supaya aku lan Anya nyedhak.
Aku lan Anya gage nglakoni apa perintahe Rara. Sak wise nyedhak Rara nuli njelasake ngapa dheweke ngira Aga seneng marang aku. Ora mung kuwi bae, bocah sing dhuwure 158 cm mau uga nunjukake ukara-ukarane Aga ing Instagram kang ditujokne marang aku.
“Sapa kenya sing mripate blalak-blak, pipine dekik, lan seneng nari gandrung yen dudu kowe?”
“Kan akeh liyane, Ra.”
“Iya, ning liyane ora seneng numpak onthel ing ngendi-ngendi lan omahe ora cedhak gereja.”
Aku meneng bae. Ora semaur. Nanging sajroning ati rasane kayak anak kembang mekrok ing ngendi-endi. Mesti bae ora tak utarakake. Mung dak simpan ing njero kalbu, menawa aku seneng krungu pocapane Rara kuwi.
Atiku tambah seneng nalika Aga mulai nyedhaki aku. Ana bae sing ditakokne nalika ketemu. Mbuh ing omah, sekolah, utawa pas lagi olahraga bareng. Ora mung perkara sekolah, nanging uga hobi lan kesenenganku. Apa maneh yen ora nari. Ora kaya bocah lanang liya, dheweke tansah antusias krungu ceritaku.
Sing marahi bombong saben-saben aku melu lomba nari, Aga tansah ana. Ora lali nggawa kamera Mirrorless sing tansah digantung ing gulune. Ora moto liyane, mung moto aku karo kanca-kancaku. Gara-gara kuwi bocah-bocah dadi seneng nggoda aku. Jarene Aga mono bucin marang aku. Buktine saben aku melu lomba, dheweke tansah ngetutne.
"Yen ora bucin, ngapa repot-repot teka banjur moto-moto kowe,” jare Cempaka, kancaku sak grup.
Aku mesem bae. Ora nolak, nanging uga ora ngiyakake. Yen, pancene iya, aku bisa apa? Apa maneh sing bucin kaya Aga. Ora mung bagus, bocah iku uga sopan, jago basket, lan pinter pisan. Umpama aku ditakoni “Apa kowe gelem dadi pacarku”, langsung dak iyani sak nalika.
Nanging seprana-seprene, Aga ora nate nyinggung bab kuwi babar blas. Meneng-meneng aku dadi ragu, jane piye perasaane marang aku.
“Takon bae, Fia. Timbang kesuwen nunggu,” usule Rara.
“Ah, masa ya takon? Isin aku.”
“Tapi, yen kowe meneng bae, kapan dadiane?” saute Anya.
Aku kukur-kukur sirah. Tansaya oneng mikirake Aga. Wengi kuwi, aku ngadep marang Allah. Ndonga sak akehe bab Aga. Aku nyuwun pitulung supaya diparing dalan kanggo ngerti perasaane bocah bagus kuwi marang aku.
Ora let suwe dalan kebuka. Sore-sore sakwise latihan nari aku mampir menyang omahe karo nggawa flashdisk, arep ngopi fotoku sing ana ing foldere. Ndilalah pas kuwi ibune ngakon ngeterne panganan ing omahe budhene. Kepeksa Aga metu sak durunge mari ngopi fotoku ing flashdisk.
“Fia, kowe bisa ta ngopi foto sisane. Iki sih ana rong folder sing durung. Ning folder tari nomer telu lan papat.”
Aku manggut, sauntara Aga nguripi motor lan budhal menyang omahe budhene. Karo nunggu kabeh foto mlebu flashdisk-ku, aku ndelok-ndelok isine folder. Mak deg! Folder telu sing isine meh satus foto iku, akeh-akehe fotone Cempaka. Fotoku ana, nanging ora nganti telung puluh. Kuwi wae akeh-akehe bareng karo kanca-kancaku sak grup, termasuk Cempaka barang. Jarang sing dhewean kayadene Cempaka.
Perasaanku tambah ora kepenak nalika ndeleng folder nomer papat. Pada karo folder nomer telu, fotone Cempaka luwih akeh tinimbang fotoku. Cempaka nebar sampur, Cempaka minger, Cempaka lagi mesem … Dumadakan aku dadi kelingan piye praene Aga saben-saben aku nyinggung Cempaka ing ceritaku. Praupane ora nate ora seneng. Mesti seneng, nganggo banget. Kadang dheweke sengaja takon, piye kahanane Cempaka sing jare kanca rakete sepupune. Merga aku ora dhuwe rasa curiga, tak ceritakne kabeh tanpa tedeng aling-aling.
Nalika dolan menyang omah, asring dheweke ngakon aku ngundang Cempaka. Nuli ngobrol ngalor-ngidul wong telu. Ing tengah-tengahe obrolan kadang aku mergoki Aga mandeng Cempaka, kaya dene bocah cilik ketemu coklat. Seneng banget! Kudune wektu iku aku wis curiga, menawa Aga sir marang Cempaka. Nanging aku sing polose kenemenen ora mikir tekan sak mono. Aku baru sadar perkara mau sakwise ndeleng fotone Cempaka ing laptope Aga.
Duh Gusti, dumadakan kembang-kembang sing mekar ing njero dada mulai layu. Kembang maneka warna mau tansaya layu nalika aku ndeleng folder-folder tari nomer siji nganti nomer telu. Rupane kenya sing gambare ngebek-ngebeki laptope dudu aku. Ananging Cempaka, tanggaku uga kanca raketku ing sanggar tari. Karo nekem dada, aku nahan rasa kelara-lara. Aku ora ngira menawa kenya pepujane Aga sing “mripate blalak-blalak, dekik pipine, omahe ing cedhak gereja, lan asring numpak sepedha onthel ing ngendi-endi” mono dudu aku. Nanging Cempaka.
“Wis mari, Fia?” takone Aga nalika aku nglebokne flashdisk menyang njero tas.
Kanthi nahan tangis, aku manthuk. Nuli pamit bali, tanpa wani noleh memburi. Aku wedi yen noleh, tangis sing tak tahan bakalan nyeblok ngenani bumi. Sakwise dina iku, aku tansah nyingkrihi Aga. Sengaja ora metu-metu kelas, supaya ora ketemu bocah kuwi. Aku ora sanggup yang kudu ketemu nalika kahananku mosak-masik kaya kene angin lesus ngene.
Apes! Wis upaya nyingkrih, lha kok bocahe malah mara menyang omah nalika aku lagi nyapu pekarangan. Dheweke tas bae lungguh nalika kandha arep njaluk tulung aku.
“Apa, Ga?” takonku karo aras-arasen.
“Ewangono aku tuku hadiah kanggo Cempaka. Dheweke kan sesuk ultah.”
Donya kaya diwalik sak nalika. Rupane tenan, pancen dudu aku gandrung idamane. Saksuwene iki mung Cempaka ing atine Aga. Kanthi ati keranta-ranta, aku njawab ,”Sepura, Ga. Aku ora bisa.”