Lompat ke isi

Katalog Maneka Warna Piranti Dolanan Tradhisiyonal Saka Manuskrip Jawa

Dari Wikibuku bahasa Indonesia, sumber buku teks bebas

Dolanan tradhisiyonal minangka wujud saka kabudayan. Dolanan tradhisiyonal uga bisa dadi strategi kanggo njaga lan ngenalake kabudayan kang arep dilalekake. Dolanan tradhisiyonal kang ditujokake marang bocah-bocah bisa dadi medhiya kanggo mucalake nilai-nilai becik saka leluhur supaya anggone wis gedhe ora kilangan kapribaden. Saliyane iku, dolanan tradhisiyonal uga bisa gawe bocah-bocah padha srawung karo kancane lan luwih obah ana ing njaba. Kagiyatan dolanan karo kanca-kanca kanthi nyiptakake piranti tartamtu bakal nuwuhake pikiran kang ora puthul. Salah sijine pranata kang bisa dilampahake kanggo ngreteni dolanan tradhisiyonal yaiku maca naskah. Ing naskah iku akeh ngemot babagan ngelmu kang dianggap wigati. Kabudayan kang nduwe akeh naskah iku bisa nglanggengake lan nerusake kabudayan kanthi apik awujud  kawruh kang bisa didelok, tuladhane akeh naskah Jawa saka kabudayan Jawa.

Geografi Jawa

[sunting]

Jawa minangka salah siji saka limang pulo utama ing Indhonesiyah, kalebu Jawa, Sumatra, Kalimantan, Nugini lan Sulawesi. Leledhang utama saka nagara Indhonesiyah nalika tulisan iki digawe yaiku ana ing Jakarta, pulo Jawa. Ambane pulo Jawa udakara ana ing 128.297 km2. Pulo Jawa kaperang dadi enem propinsi yaiku Banten, DKI Jakarta, Jawa Barat Jawa tengah, Ngayogyakarta lan Jawa Timur.  Anggone pathokan wektu, ing pulo Jawa melu WIB (Waktu Indonesia Barat).[1] Basa kang digunakane ing pulo Jawa kalebu basa Indhonesiyah, Jawa, Sundha, Madhura kanthi migunakake aksara kanggo nulis Jawa yaiku basa Latin, basa Arab, basa Jawa kuna, basa Jawa anyar lan basa Sundha. Naskah ing Jawa kaperang dadi pirang-pirang zaman yaiku Jawa Kuna, Jawa-Bali,, Jawa Anyar,  kanthi gaya Islam. Naskah kang ditulis dhewe nduwe kabiyasaan kanggo nyimpen ngelmu utawa babagan saka asil pamikiran panulis saka lingkungan anggone mapan. Mula, naskah bisa dadi panggonan kanggo nyimpen ngelmu kang diduweni para leluhur supaya bisa diwarisake marang anak putu.[2]

Manuskrip Jawa

[sunting]

Kawruh kang ana ing sajroning naskah minangka dadi sumber dhata utama anggone ngolah katalog maneka piranti dolanan tradhisiyonal Jawa. Naskah pisanann kang digunake yaiku naskah Meisjesspelen (sateruse disebut MS) saka basa Walanda kang tegese dolanan bocah-bocah wadon. MS disimpen ana ing Perpustakaan IRNasional Republik Indonesia kanthi nomer KBG 927 kang asline diduweni Ir. JL Moens. Cathethan saka Perpustakaan Nasional Republik Indonesia nuduhake yen medhiya MS wis dipindahake ing wujud mikrofilm kanthi kodhe MFB 3.01. Ukuran MS yaiku 43 cm x 34x5 cm kanthi ukuran kolom 36 cm x 29 cm. MS nduweni akeh ilustrasi, ilustrasi kang direkam yaiku gunggung 85 saka 122 ilustrasi. Bahan alas tulis MS yaiku kertas eropa migunake sampul kandel kang dijahit nganggo benang. Panulisan ana ing MS menika diandharake kanthi aksara Jawa migunake mangsi ireng awujud teks prosa. Dhaptar dolanan ing MS gunggung 85, antarane limang dolanan banjur dipilih lan diinventarisasi kang bisa digunakake kanthi nganggo piranti tartamtu.[3]

Manuskrip kapindho kang digunakake dadi sumber data katalog maneka warna piranti dolanan tradhisiyonal duweni irah-irahan Jongenspelen (sabanjure bakal disebut JS) kang tegese ing basa Walanda yaiku dolanan bocah lanang. JS minangka koleksi Perpustakaan Nasional Republik Indonesia kanthi nomer koleksi KBG 926 sing asline diduweni dening Ir. J. L. Moens padha karo MS. Perpustakaan Nasional Republik Indonesia wis ngowahi media JS dadi mikrofilm kanthi kodhe MFB 3.02. Ciri fisik MS lan JS padha persis, yaiku ukuran 43 cm x 34 x 5 cm kanthi ukuran kolom 36 cm x 29 cm, nduweni 122 kaca kanthi 85 ilustrasi, digawe saka kertas Eropa kanthi tutup kandel sing dijilid nganggo benang, ditulis nganggo aksara Jawa lan mangsi ireng kanthi awujud prosa. Dhaptar dolanan ing JS gunggungipun 83, nanging sawise diinvetaris ana 23 dolanan kang bisa digawe dolanan migunakake poranti tartamtu. Naskah MS lan JS digarap filologi kang duweni asma Bambang Hernawan ing taun 2018.[4]

Umur

[sunting]

Dolanan kang wis dikumpulake banjur dipilah dadi limang umur kanthi kodhe kang beda. Anggone milah-milah dhata adhedhasar umur dilakokake supaya luwih gampang nggoleki dolanan kang cocog kanggo bocah tartamtu. Limang bageyan miturut umur kasebut duweni cacah kalebu dolanan bocah umur 6-10 taun kang arane pungkasan wayah cilik utawa kasebut akhir masa anak-anak kanthi kodhe (AA), dolanan anak kanggo umur 11-13 taun diarani pramasa remaja utawa ing basa Jawa tegese sakurunge mundhak enom kanthi kodhe (PR). Dolanan kanggo umur 14-17 taun diarani bocah enom kanthi kodhe (RM). Dolanan kanggo umur 18-24 tahun diarani wiwit diwasa utawa kasebut awal dewasa kanthi kodhe (AD), pungkasan kanggo dolanan kang ora nganggo watesan umur migunakake kodhe (UB).[5]

Akhir masa anak-anak (AA)

[sunting]
  • AA01 - Prajuritan
  • AA02 - Sompretan
  • AA03 - Ngarak Gendruwo
  • AA04 - Topeng Dlancang
  • AA05 - Kitiran
  • AA06 - Senjata Wuluh
  • AA07 - Kodhokan
  • AA08 - Mriyeman
  • AA09 - Tidhuran
  • AA10 - Thethekan
  • AA11 - Jathil

Pramasa Remaja (PR)

[sunting]
  • PR01 - Wayangan Rumput
  • PR02 - Reyogan

Remaja (RM)

[sunting]
  • RM01 - Tulupan
  • RM02 - Plinthengan
  • RM03 - Wayangan
  • RM04 - Glindhingan
  • RM05 - Jaranan

Awal Dewasa (AD)

[sunting]
  • AD01 - Layangan Bapangan
  • AD02 - Layangan Ujungan
  • AD03 - Ngundha Layangan
  • AD04 - Brendung

Dudutan

[sunting]

Dhata kang wis dikumpulake saka rong naskah Jongensspelen lan Meisjesspelen ngasilake sawetara kang dadi dudutan.

  1. Meh kabeh dolanan kang dicathet saka naskah Jongensspelen duwe watesan umur kajaba UB06-Egrang.
  2. Yen dibendheng saka umur kang paling cilik ing naskah kapindho kecathet menawa umur 10 tahun lan kang paling tuwa umur 24 tahun. Umur iku mau kebendheng saka limang aran yaiku AA, PR, RM, AD, lan UB.
  3. Dolanan kang arane Nini Towong lan Brendung diarani dolanan kang duweni risiko dhuwur.

Referensi

[sunting]
  1. https://regional.kompas.com/read/2022/08/04/145122878/kondisi-geografis-pulau-jawa-berdasarkan-peta-letak-luas-dan-keadaan-alam?page=all
  2. Pigeaud. (1980). Literature of Java. Leiden Universiti Press
  3. Hernawan, Bambang. (2018). Meisjesspelen Permainana Anak-Anak Peremuan (Alih Aksara dan Alih Bahasa). Jakarta: Perpustakaan Nasional Press
  4. Hernawan, Bambang. (2018). Jongensspelen Permainana Anak-Anak Laki-Laki (Alih Aksara dan Alih Bahasa). Jakarta: Perpustakaan Nasional Press.
  5. Hurlock, E. B. (2001). Developmental psychology. New Delhi: Tata McGraw-Hill Education.